Check it out

Senin, 27 Januari 2014

Contoh Geguritan Bahasa Jawa


Sekolahku

Biyen, pasuryanmu katon peni
Biyen, pasuryanmu katon asri
Biyen, pasuryanmu katon ijo royo-royo
Iku biyen
Nanging saiki..
Pasuryanmu saiki dudu panggonan pasinaon maneh
Arupa panggonan kang rusuh
Reregetan ana sak nggon-nggon

Kapan kabeh pada sadar?
Njaga lan ngrawat kowe?
Apa salahmu? Kowe ora salah
Terus sapa sing bisa disalahake?
Murid jaman saiki ora ngatekake kowe
Nguwang reregetan sak nggon-nggon

Sekolahku...
Kapan kowe bisa resik?
Sekolahku resik
Atiku ayem lan tentrem



Ajeng Kusuma Dewi
X IPS 1/ 02

Tidak ada komentar:

Posting Komentar